TEks Tembang Macepat ....
Beautiful Meaning if u wanna understanding
Cakepan sekar macapat Asmarandana
(serat wulangreh Pakubuwana IV)
- Padha netepana ugi,
Kabeh parentahing sarak,
Terusna lahir batine,
Shalat limang wektu uga,
Tan kena tininggala,
Sapa tinggal dadi gabug,
Yen misih remen neng praja.
- Nora gampang wong ngaurip,
Yen tan weruh uripira,
Uripe padha lan kebo,
Angur kebo dagingira,
Kalal yen pinangana,
Pan manungsa dagingipun,
Yen pinangan pasti karam.
Cakepan sekar macapat Dhandhanggula
(serat wulangreh Sunan Pakubuwana IV)
- Pamedhare wasitaning ati,
Cumanthaka aniru pujangga,
Dahad mudha ing batine,
Nanging kedah ginunggung,
Datan weruh yen keh ngesemi,
Amaksa angrumpaka,
Basa kang kalantur,
Tutur kang katula-tula,
Tinalaten rinuruh kalawan ririh,
Mrih padhanging sasmita.
- Lamun sira amaguru kaki,
Amiliha manungsa kang nyata,
Ingkang becik martabate,
Sarta kang wruh ing hukum,
Kang ngibadah lan kang ngirangi,
Syukur oleh wong tapa,
Ingkang wus amungkul,
Tan mikir pawewehing liyan,
Iku pantes sira gurunana kaki,
Sartane kawruhana.
Cakepan sekar macapat Dhandhanggula
(serat Tripama Mangkunegara IV)
- Yogyanira kang para prajurit,
Lamun bisa sami anulada,
Kadya nguni caritane,
Andelira sang prabu,
Sasrabau ing maespati,
Aran patih Suwanda,
Lelabuhanipun,
Kang ginelung tri prakara,
Gunakaya purun ingkang den antepi,
Nuhoni trah utama.
- Wonten malih tulada prayogi,
Satriya gung nagari ngalengka,
Sang Kumbokarna namane,
Tur iku warna diyu,
Suprandene nggayuh utami,
Duk awit prang Ngalengka,
Dennya darbe atur,
Mring raka amrih raharja,
Dasamuka tan keguh ing atur yekti,
Dememungsuh wanara.
Cakepan sekar macapat Gambuh
(serat Wulangreh Pakubuwana IV)
- Aja nganti kebanjur,
Barang polah ingkang nora jujur,
Yen kebanjur sayekti kojur tan becik,
Becik ngupayaa iku,
Pitutur ingkang sayektos.
- Ana pocapanipun,
Adiguna adigang adigung,
Pan adigang kidang adigung pan esti,
Adiguna ula iku,
Telu pisan mati sampyoh.
Cakepan sekar macapat Kinanthi
(serat wulangreh Pakubuwana IV)
- Yen wus tinitah wong Agung,
Aja sira nggunggung dhiri,
Aja raket lan wong ala,
Kang ala lakunireki,
Nora wurung ngajak-ajak,
Satemah anenulari.
- Yen wong anom pan wus tamtu,
Manut marang kang ngadhepi,
Yen kang ngadhep akeh bangsat,
Nora wurung bisa juti,
Yen kang ngadhep keh durjana,
Nora wurung bisa maling.
Cakepan sekar macapat Maskumambang
(serat wulangreh Pakubuwana IV)
- Ana uga etung-etungane nini (kaki)
Lelima sinembah,
Dununge sawiji-wiji,
Sembah lelima punika
- Ingkang dingin rama ibu kaping kalih,
Marang maratuwa,
Lanang wadon kaping katri,
Ya marang sadulur tuwa.
Cakepan sekar macapat Pangkur
(serat wedhatama Pakubuwana IV)
1. Mingkar-mingkuring angkara,
Akarana karenan mardisiwi,
Sinawung resmining kidung,
Sinuba sinukarta,
Mrih kretarta pakartining ngelmu luhung,
Kang tumrap neng tanah Jawa,
Agama ageming aji.
2. Jinejer neng wedhatama,
Mrih tan kemba kembenganing pambudi,
Mangka nadyan tuwa pikun,
Yen tan mikani rasa,
Yekti sepi asepa lir sepah samun,
Samangsani pakumpulan,
Gonyak-ganyuk ngleling semi.
Cakepan sekar macapat Pangkur
(serat wulangreh Pakubuwana IV)
- Sekar pangkur kang winarna,
Lalabuhan kang kanggo wong ngaurip,
Ala lan becik puniku,
Prayoga kawruhana,
Adat waton puniku dipun kadulu,
Miwah ta ing tata krama,
Den kaesti siyang ratri.
- Duduga lawan prayoga,
Myang watara riringa ayua lali,
Iku parabot satuhu,
Tan kena tininggala,
Tangi lungguh angadeg tuwin lumaku,
Angucap meneng lan nindra,
Duga-duga nora kari.
Cakepan sekar macapat Pucung
(serat wedhatama K. G. Mangkunegara IV)
- Ngelmu iku kalakone kanthi laku,
Lekase lawan kas,
Tegese kas nyantosani,
Setya budya pangekese dur-angkara.
- Durung pecus kesusu keselak besus,
Amaknani lapal,
Kaya sayid weton Mesir,
Pendhak-pendhak angendhak gunaning janma.
Cakepan sekar macapat Pucung
(serat wulangreh Pakubuwana IV)
- Den budiya kapriye ing becikipun,
Aja kongsi pisah,
Kumpula kaya duk nome,
Anom kumpul tuwa kumpul kang prayoga.
- Abot enteng wong duwe sanak sedulur,
Enthenge yen pisah,
Pikire tan dadi siji,
Abotipun yen sabiyantu ing karsa.